Postingan

Istilah-Istilah Nama dalam Bahasa Jawa (Jenenge Wong)

Gambar
 Jenenge Wong Jaka : Bocah lanang sing wis diwasa (durung rabi) [Anak laki laki yang sudah dewasa (belum menikah)] Jaka jebug : Jaka sing wis tuwa durung rabi [Jaka yang sudah tua tapi belum menikah] Dhudha : Wong lanang sing wis ora duwe bojo [Pria yang sudah tidak memiliki pasangan] Dhudha kembang : Dhudha sing isih enom durung duwe anak [Duda muda yang masih belum punya anak] Dhudha kawuk : Dhudha sing wis tua [Duda yang sudah tua] Dhudha bangsong : Dhudha mlarat anake akeh [Duda miskin anaknya banyak] Dhudha kalung : Dhudha duwe anak wadon sing bisa ngopeni  [Duda punya anak perempuan yang bisa mengasuh] Kaki-kaki : Wong lanang sing wis tuwa banget [Pria yang sudah tua sekali] Prawan : Bocah wadon sing wis diwasa (durung rabi) [Anak perempuan yang sudah dewasa (belum menikah)] Prawan sunthi : Prawan kencur (prawan cilik) [Perawan kencur (prawan kecil)] Prawan gendhor/kasep : Prawan sing wis tuwa durung rabi [Perawan yang sudah tua tapi belum menikah] Randha : Wong wadon si...

Gara-Gara Cupu Manik Astagina

Gambar
Gara-Gara Cupu Manik Astagina Dewi Windradi lagi dolanan pusaka jenenge Cupu Manik Astagina. Kasektene cupu mau kena kanggo ndeleng isining jagad. Yen diwaca mantrane sajroning Cupu bakal katon isine jagad. Saking senenge ora mangerti menawa garwane ya Resi Gotama wis lungguh ing sisihe. Bareng ngerti Dewi Windradi kaget. Cupu disaut didhelikake, nanging Resi Gotama wis kebacut weruh. Dewi Windrati ditakoni asale cupu. Ditakoni kaping pisan pindho kok meneng wae, Resi Gotama alok, "Wong ditakoni kok meneng wae kaya tugu". Sanalika Dewi Windradi dadi tugu kena sabdane sang resi. Putrane sang resi sing aran Dewi Anjani, Raden Guwarsi, lan Raden Guwarsa padha kepengin nduweni cupu sing ampuh mau. Resi Gotama ora marengake. Rehning putrane padha rebutan, cupu banjur disawatake adoh. Putrane sang resi telu cacahe padha nututi ana ngendi tibaning cupu. Parane cupu digoleki. Cupu kecemplung ing Sendhang Malihan. Ora mikir dawa, Dewi Anjani nylulupake sirahe ing sendhang, Raden Guwar...

Karna lan Arjuna Tandhing

Gambar
Karna lan Arjuna Tandhing Bathara Kresna paring pitutur marang Arjuna amargaa Arjuna anggone maju perang mandheg mangu. Kresna paring pitutur menawa ing paperangan iku ora kena ngetung sedulur lan kulawarga. Yen pancen dadi senapati Kurawa, ya dadi mungsuh sanajan iku kadang sepuhe dhewe. Ing paperangan ora ana sedulur, nanging iku prajurit sing kudu diadhepi, bela negara, bela para kawula. Jalaran yen ora diadhepi Pandhawa bakal kalah. Yen kalah apa ora muspra pangurbanane para putra-putra Pandhawa sing wis dadi rabuking perang, kaya Gathutkaca lan Abimanyu. Nalika krungu Abimanyu, kaya disabet kupinge Arjuna kelingan matine putrane kang ditresnani (Abimanyu) sing diranjap/dikrocok gegaman ing paperangan Baratayuda Jayabinangun. Cancut Arjuna  munggah kreta, dikusiri dening Bathara Kresna. Kreta diplayokake, jaran negar nrajang barisaning prajurit Kurawa. Prajurit akeh sing kalindhes padha tumeka tiwas. Arjuna enggal methukake senapati  Kurawa, yaiku Narpati Basukarna. Atine ...

Tembung Sesulih, Wilangan, Pangandhèng, lan Katrangan

Gambar
Artikel ini mengenai penggunaan tembung sesulih, wilangan, pangandheng, dan katragan dalam penulisan bahasa jawa beserta contohnya. Semoga mudah dipahami. Tembung Sesulih Tembung sesulih punika tembung ingkang kanggé nyulihi barang ingkang sampun dipunmangertosi supados boten wongsal-wangsul nyebat naman ing barang wau. Tembung sesulih tiyang, ing antawisipun: Sesulih tiyang kapisan: aku, kula, ingsun, ingwang, ingong, abdi-dalem, adalem, menira. Sesulih tiyang kaping kalih: kowe, sampeyan, panjenengan, panjenengan dalem, sampéyan dalem, dika, samang, pakenira. Sesulih tiyang katiga: dhèwèké Tembung sesulih ingkang mratelakaken dununge barang, ing antawisipun: iki, iku, kae, ika, nika, niku, niki, sp. Tembung Katrangan Tembung katrangan inggih punika tembung ingkang maringi katrangan dhateng wasésa utawi tembung sanèsipun kajawi tembung aran, awit menawi nerangaken tembung aran badhé dados tembung kahanan. Tembung katrangan kapantha dados 4, inggih punika: Tembung katrangan ingkang mr...

Ngebut Benjut

Gambar
Ngebut Benjut Ngebut Benjut Akeh tulisan pepeling “ngebut benjut” sing ditulis ing pinggiring ratan, kanthi ancas sing maca banjur ngati-ati anggone nglakokake kendharaane ing dalan. Nanging, jaman saiki akeh nom-noman sing tumindak nyleneh, kanggo narik kawigaten wong liya, upamane ngebut, nambah variasi ing kendharaan, gawe swara sing aneh (knalpot lan bel), utawa anggone numpak kaya atraksi ing sirkuit. Yen wis mangkono kaya-kaya rumangsa marem atine. Nanging, apa dheweke iku ora sadhar yen tumindake mau bisa mbebayani tumrap wong liya lan dhiri pribadine, kajaba patrap mangkono cetha yen nerak dhisiplin lalu lintas uga toh-tohane nyawane dhewe. Ana cara kanggo nglantarake kasenengane nom-noman mau kanggo neter kawasisan lan kekendelan, yaiku melu club balap motor lan mobil sing wis digawe organisasi lan cumepak ing saben dhaerah. Ing kono bakat ngebut lan kreatif mau bakal digladhi kanthi becik, trep, lan positif. Kasenengan sing mbebayani bisa dadi prestasi sing maremake. Ora mbeb...