Tembung Sesulih, Wilangan, Pangandhèng, lan Katrangan

Artikel ini mengenai penggunaan tembung sesulih, wilangan, pangandheng, dan katragan dalam penulisan bahasa jawa beserta contohnya. Semoga mudah dipahami.



Tembung Sesulih

Tembung sesulih punika tembung ingkang kanggé nyulihi barang ingkang sampun dipunmangertosi supados boten wongsal-wangsul nyebat naman ing barang wau. Tembung sesulih tiyang, ing antawisipun:
  1. Sesulih tiyang kapisan: aku, kula, ingsun, ingwang, ingong, abdi-dalem, adalem, menira.
  2. Sesulih tiyang kaping kalih: kowe, sampeyan, panjenengan, panjenengan dalem, sampéyan dalem, dika, samang, pakenira.
  3. Sesulih tiyang katiga: dhèwèké
  4. Tembung sesulih ingkang mratelakaken dununge barang, ing antawisipun: iki, iku, kae, ika, nika, niku, niki, sp.


Tembung Katrangan

Tembung katrangan inggih punika tembung ingkang maringi katrangan dhateng wasésa utawi tembung sanèsipun kajawi tembung aran, awit menawi nerangaken tembung aran badhé dados tembung kahanan. Tembung katrangan kapantha dados 4, inggih punika:
  1. Tembung katrangan ingkang mratélakaken wekdal/titi mangsa, ing antawisipun: arep, bakal, lagi, nedheng-nedhengé, engah-nengahi, wis, mentas, bar, lsp.
    • Arif arep mangan.
    • Bakal dadi apa bocah kang ora gelem sekolah iku.
    • Tari lagi mangan tempe.
    • Nedheng-nedhengé mangsa udan ngene iki beiké nandur pari.
    • Yèn wis mari larané beciké énggal mangkat sekolah.
  2. Tembung katrangan ingkang mratélakaken papan/panggènan, ing antawisipun: kéné, kono, lan kana.
  3. Tembung katrangan ingkang mratélakaken nyata lan botenipun tumindak, ing antawisipun: nyata, sabeneré, mesthi, embuh, ayaké, mbok, menawa, lsp.
  4. Tembung katrangan ingkang mratélakaken kahananing tumindak, ing antawisipun: kejaba, banget, luwih, kaya-kaya, kurang, akèh, sithik, lsp.


Tembung Wilangan

Tembung wilangan kagolongaken wonten kalih, ingih punika:
  1. Tembung wilangan ingkang mratélakaken cacahing barang, ing antawisipun: siji, loro, telu, lsp.
  2. Tembung wilangan ingkang mratélakaken pepangkatan, ing antawisipun: kapisan, kapindho, katelu, Isp.


Tembung Pangandhèng

Tembung pangandhèng (tembung lantaran), ing antawisipun: ing, menyang, saka, kanggo, tumrap, karo, kanthi, minangka, déning, miturut, atas, mirid, wiwit-tekan, Isp.

 

 

Komentar

Artikel Populer

Istilah-Istilah Slametan/Upacara dalam Bahasa Jawa

Karna lan Arjuna Tandhing