Istilah-Istilah Nama dalam Bahasa Jawa (Jenenge Wong)

 Jenenge Wong

  1. Jaka: Bocah lanang sing wis diwasa (durung rabi) [Anak laki laki yang sudah dewasa (belum menikah)]
  2. Jaka jebug: Jaka sing wis tuwa durung rabi [Jaka yang sudah tua tapi belum menikah]
  3. Dhudha: Wong lanang sing wis ora duwe bojo [Pria yang sudah tidak memiliki pasangan]
  4. Dhudha kembang: Dhudha sing isih enom durung duwe anak [Duda muda yang masih belum punya anak]
  5. Dhudha kawuk: Dhudha sing wis tua [Duda yang sudah tua]
  6. Dhudha bangsong: Dhudha mlarat anake akeh [Duda miskin anaknya banyak]
  7. Dhudha kalung: Dhudha duwe anak wadon sing bisa ngopeni [Duda punya anak perempuan yang bisa mengasuh]
  8. Kaki-kaki: Wong lanang sing wis tuwa banget [Pria yang sudah tua sekali]
  9. Prawan: Bocah wadon sing wis diwasa (durung rabi) [Anak perempuan yang sudah dewasa (belum menikah)]
  10. Prawan sunthi: Prawan kencur (prawan cilik) [Perawan kencur (prawan kecil)]
  11. Prawan gendhor/kasep: Prawan sing wis tuwa durung rabi [Perawan yang sudah tua tapi belum menikah]
  12. Randha: Wong wadon sing wis ora duwe bojo [Wanita yang sudah tidak memiliki pasangan]
  13. Randha tanggung: Randha sing isih enom [Janda yang masih muda]
  14. Randha kembang/wulanjar: Randha sing isih enom durung duwe anak [Janda muda yang  belum memiliki anak]
  15. Randha kisi: Randha sing duwe anak lananag [Janda yang memiliki anak laki-laki]
  16. Randha kasihan: Randha mlarat anake akeh [Janda miskin anaknya banyak]
  17. Randha keringan: Randha sing sugih bandha [Janda yang kaya akan harta benda]
  18. Randha menter: Wong wadon sing wis tuwa banget [Wanita yang sudah tua sekali]
  19. Nyai, nyi: Wong wadon sing diajeni [Wanita yang disegani]

Komentar

Artikel Populer

Tembung Sesulih, Wilangan, Pangandhèng, lan Katrangan

Istilah-Istilah Slametan/Upacara dalam Bahasa Jawa

Karna lan Arjuna Tandhing