Postingan

Artikel Terbaru

Larang Pangan

Gambar
Larang Pangan Sawise Jakarta ketaman banjir sing suwene luwih saka seminggu, sektor ekonomi, klebu  distribusi beras ing pusat rada keganggu. Jakarta sawise banjir bisa diarani kutha mati kanggo  dedagangan. Ing babagan beras, Jakarta luwih akeh nekakake beras-beras saka dhaeran lilya,  klebu saka Jawa Barat lan Jawa Tengah. Kamangka dhaerah-dhaerah kasebut ing wektu kuwi  akeh sing durung panen, malah kepara isih akeh sing durung entuk udan kang cukup. Dadi,  mangsa tandur melu mundur. Dene sing wis kebacut tandur, akeh sing padha mati amarga Kurang  banyu. Kejaba kuwi mesthi uga ana unsur politike bakul-bakul beras dhewe supaya rega beras  saya larang. Kanthi akehing jalaran iku mau cetha banget yen rega beras larang. Malah regane  saiki wis luwih saka nem ewu kanggo beras kang mutune sedhengan kayata C-4 utawa IR 64. Kanthi larange beras, cetha ndadekake rakyat saya mlarat. Warga sakapirang-pirang kutha  akeh wis padha mangan sega aking, thiwul, sega jagung, utawa tela. Kepeksa mang

Lakon Bima Suci

Gambar
Lakon Bima Suci Ing pasewakan negara Ngastina Prabu Duryudana lagi wawan sabda karo Patih Sengkuni.  Underane rembug, amung kepriye carane nyirmakake Para Pandhawa, Patih Sengkuni matur menawa  kekuwatane para Pandhawa kuwi Raden Werkudara. Yen Raden Werkudara wis mati Pandhawa mesthi  bakal ringkih. Mula para Kurawa kudu ngrekadaya mateni satriya Panenggake Pandhawa. Gandheng Raden Werkudara kuwi mbangun turut marang saprentahe guru, mula Begawan Durna  banjur dipasrahi mbudi daya patine Ruden Werkudara. Pandhita Durna nyaguhi. Kanthi alesan bakal dijarwani ngelmu kusampurnan, Pandhita Durna banjur nimbali sowane Raden  Werkudara. Sawise marak sowan, Raden Werkudara banjur didhawuhi golek 'Kayu gung Susuhing  Angin'. Manggone ana ing alas Krendhawihana. Alas Krendhawahana kuwi papan panggonan kang  wingit tur gawat kaltwat-liwat. Ing alas kono papan dununge raseksa loro kang nggegirisi. Jalma mara,  jalma mati. Sato mara, sato mati. Kabeh dimangsa dening raseksa. Kanthi mengko

Tembung Plutan (Plesetan)

Gambar
Tembung Plutan abot dadi bot amrih dadi mrih awit dadi wit awor dadi wor alon dadi lon liyan dadi lyan luwih dadi lwih maring dadi mring murih dadi mrih para dadi pra perang dadi prang sarana dadi srana sari dadi sri serat dadi srat seru dadi sru suwara dadi swara suwarga dadi swarga suwawu dadi swawi suwiwi dadi swiwi weruh dadi wruh

Istilah-Istilah Slametan/Upacara dalam Bahasa Jawa

Gambar
Jenenge Slametan Bersih desa : slametan ngresiki desa (selamatan membersihkan desa) Berjanje : maca puji-pujian ngenani riwayate Kanjeng Nabi Muhammad (membaca puji-pujian mengenai riwayat Nabi Muhammad) Boyongan : ngalih omah (pindah rumah) Brokohan: slametan tumrap bayi kang mentas lair (selamatan terhadap bayi yang baru lahir) Kirab : metu bareng arak-arakan (keluar bersama arak-arakan) Mantu : duwe gawe ngomah-omahake anak (mempunyai hajat menikahkan anak) Megengan: wiwitane sasi Pasa (mulainya bulan puasa) Mitoni : slametan nalikane meteng pitung sási (selamatan ketika hamil tujuh bulan) Mule : slametan ndongakake para kulawarga sing wis seda (selamatan mendoakan para keluarga yang sudah meninggal) Muludan:  slametan ing dina wiyose Kanjeng Nabi Muhammad (selamatan di hari lahirnya Nabi Muhammad) Ngirim : ngopeni kuburane kulawarga (merawat makan keluarga) Nyadran : ndongakake wong sing wis seda ana ing makam (mendoakan orang yang sudah meninggal di makam) Nyekar : ngopeni kubur

Sebutane Kewan Mangan

Gambar
 Sebutane Kewan Mangan Mangane asu, babi (anjing, babi): nocok Mangane baya (buaya): nyaplok Mangane buta, diyu : mbadhog Mangane celeng (babi hutan) : nggogos Mangane glathik (gelatik):nisil Mangane kebo, sapi (kerbau, sapi): nyenggut, nggayemi Mangane kethek (kera): ngrokoti, ngemil Mangane macan (harimau): nggagak Mangane pitik, manuk (ayam, burung): nothol, nucuk Mangane singa : mangsa Mangane tikus : ngrikiti Mangane ula (ular): nguntal Mangane wedhus (kambing): nyenggut, nggayemi Sebutane wong mangan Buka/saur (wayah pasa) Sarapan (wayah esuk) Madhang (wayah awan/sore) Menthong (watara awan lan sore)

Kumpulan Cangkriman Bahasa Jawa

Gambar
 Cangkriman Urang sapikul matane pira? (ana 6 - urang, sapi, kul) Sega sakepel dirubung tinggi, apa? (Salak)      Dikethok malah dhuwur, apa? (Kathok) Ngarep ireng, mburi ireng, sing tengah malah methentheng, apa? (Wong mikul areng) Ana gajah numpak becak, ketok apane? (ketok mbujuke) Kewan apa: sirahe nin sikil, mripat ning sikil, irunge ning sikil, cangkeme nin sikil  pokoke kabeh ning sikil. (anak pitik kepidak) Pak bomba, pak lawa, pak penyut. (tipak kebo ombo, tipak ula dawa, tipak cempe ciyut.) Lampu apa nek dipecah metu uwonge. (Lampune toko sing lagi ditutup) Pak demang klambi abang, nek didudul gondhal-gandhul, nek disuduk manthuk-manthuk  (kembang gedhang = otong)   Pitik walik saba kebon.  (nanas) Jenenge satriya Pringgondani iku sapa? (Raden Ghatutkaca, ya uleg-uleg = pring bonggol didandhani) Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mugsuh. (geni) Ana kapal disawat watu bisa kalem, kira-kira gedhe apane? (gedhe omonge) Ana khutuk dilebokne kurungan rapet, kira-kira, wis ora

Urut-Urutane Turunan

Gambar
Urut-Urutane Turunan Grepak senthe ↑ Gantung siwur ↑ Udheng-udheg ↑ Wareng ↑ Canggah ↑ Buyut ↑ Embah ↑ Bapak/Ibu ↑ Anak ----------------- Bapak/Ibu ↓ Anak ↓ Putu ↓ Buyut ↓ Canggah ↓ Wareng ↓ Udheg-udheg ↓ Gantung siwur ↓ Grepak senthe