Larang Pangan

Larang Pangan

Sawise Jakarta ketaman banjir sing suwene luwih saka seminggu, sektor ekonomi, klebu distribusi beras ing pusat rada keganggu. Jakarta sawise banjir bisa diarani kutha mati kanggo dedagangan. Ing babagan beras, Jakarta luwih akeh nekakake beras-beras saka dhaeran lilya, klebu saka Jawa Barat lan Jawa Tengah. Kamangka dhaerah-dhaerah kasebut ing wektu kuwi akeh sing durung panen, malah kepara isih akeh sing durung entuk udan kang cukup. Dadi, mangsa tandur melu mundur. Dene sing wis kebacut tandur, akeh sing padha mati amarga Kurang banyu. Kejaba kuwi mesthi uga ana unsur politike bakul-bakul beras dhewe supaya rega beras saya larang. Kanthi akehing jalaran iku mau cetha banget yen rega beras larang. Malah regane saiki wis luwih saka nem ewu kanggo beras kang mutune sedhengan kayata C-4 utawa IR 64.

Kanthi larange beras, cetha ndadekake rakyat saya mlarat. Warga sakapirang-pirang kutha akeh wis padha mangan sega aking, thiwul, sega jagung, utawa tela. Kepeksa mangan kaya mangkono mau amarga pancen ora kuwat tuku beras sing regane saya nekak gulu. Biyen, negara sing kondhang minangka negara agraris, negara pertanian, malah bisa ngekspor beras marang negara manca, saiki ora duwe daya apa-apa kanggo ngurusi rakyate dhewe.

Nalika negara kurang pangan, pemerintah ngantisipasi kanthi nekakake beras impor. Mesthi bae tumindak kang kaya mangkene iki supayane pasediyan beras ing Indonesia cukup lan bisa kanggo stok nasional. Saliyane iku, ora lali pemerintah uga nganakake operasi pasar kanthi pangangkah supaya rega beras bisa mudhun. Nanging cara kang pungkasan iki durung akeh pangaruhe, jalaran anggone operasi pasar kang katindakake dening Bulog luwih akeh ing pasar-pasar tinimbang ing kampung-kampung. Kamangka yen sing adol bae ing pasar pasar, cetha sing tuku mesthi para bakul sing duwe modhal luwih akeh. Yen wis ngono rega beras angel mudhune.



Terjemahan dalam Bahasa Indonesia

Mahalnya Makanan

Sesudah Jakarta terdampak banjir yang lamanya lebih dari seminggu, sektor ekonomi, termasuk distribusi beras di pusat sedikit terganggu. Jakarta sesudah banjir bisa dipanggil kota mati untuk perdagangan. Mengenai beras, Jakrta lebih banyak mendatangkan beras-beras dari daerah lain, termasuk dari Jawa Barat dan Jawa Tengah. Walaupun pada saat itu daerah-daerah tersebut banyak yang belum panen, bahkan masih banyak yang belum mendapatkan hujan yang cukup. Jadi, waktu menanam ikut mundur. Untuk yang sudah terlanjur menanam, banyak yang mati akibat kekurangan air. Kecuali hal itu juga ada unsur politik penjual-penjual beras supaya harga beras mahal. Oleh banyaknya sebab tadi jelas sekali kalau harga beras mahal. Bahkan harganya sekarang lebih dari enam ribu untuk beras yang kualitasnya standar seperti C-4 atau IR 64.

Dengan mahalnya beras, jelas menandakan rakyat semakin miskin. Warga dari berbagai kota banyak yang sudah memakan nasi aking, thiwul, nasi jagung, atau ketela. Terpaksa makan seperti itu karena memang tidak mampu membeli beras yang harganya semakin mencekik leher. Dulu, negara yang tekenal sebagai negara agraris, negara pertanian, bahkan bisa mengekspor beras kepada negara luar, sekarang tidak punya apa-apa untuk mengurusi rakyatnya sendiri.

Ketika negara kekurangan makanan, pemerintah mengantisipasi dengan mendatangkan beras impor. Sudah pastinya bertindak seperti ini supaya persediaan beras di Indonesia cukup dan bisa untuk stok nasional. Selain itu, tidak lupa pemerintah juga mengadakan operasi pasar dengan langkah supaya harga beras bisa turun. Tetapi cara yang terakhir ini belum banyak pengaruhnya, sebab dalam operasi pasar yang diadakan oleh Bulog lebih banyak di pasar-pasar daripada di kampung-kampung. Padahal jika yang menjual saja di pasar-pasar, pasti yang membeli para pedagang yang memiliki modal lebih banyak. Kalau sudah begitu harga beras susah turunnya.

Kapethik saking: Piwulang Basa Jawi 5

Komentar

Artikel Populer

Tembung Sesulih, Wilangan, Pangandhèng, lan Katrangan

Istilah-Istilah Slametan/Upacara dalam Bahasa Jawa

Karna lan Arjuna Tandhing